Sajrone pidhato kudu ngerti langkah-langkah pidhato sing bener yaiku nentokake

Berikut ini adalah pertanyaan dari graceputridarnevi pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Sajrone pidhato kudu ngerti langkah-langkah pidhato sing bener yaiku nentokake tema, nentokake tujuan, ngumpulake bahan, lan .... *a. Nyusun panutup
b. Nyusun dudutan
c. Nyusun basa
d. Nyusun cengkorongane naskah pidhato.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Sajrone pidhato kudu ngerti langkah-langkah pidhato sing bener yaiku nentokake tema, nentokake tujuan, ngumpulake bahan, lan ....

➡️ d. Nyusun cengkorongane naskah pidhato.

Penjelasan

Pidhato yaiku pakaryan kanggo medharake gagasan utawa informasi kang katujokake marang wong akeh utawa umum.

>> Langkah-langkah pidhato, yaiku :

  1. Nemtokake tema (underan)
  2. Nemtokake tujuan
  3. Ngumpulake bahan
  4. Nyusun cengkorongan pidhato
  5. Ngembangake cengkorongan dadi teks pidhato
  6. Gladhen/latihan kanthi suara lan pangocapan kang trep.

Cengkorongan minangka landhesan kanggo nulis teks pidhato utawa pidhato sing sawutuhe. Cengkorongan (kerangka) pidhato yaiku baku-bakuning isi pidhato sing dirakit jumbuh karo sing dikarepake kanthi anane cengkorongan pidato diajab bisa luwih gampang anggone nyusun teks pidhato.

>> Naskah sesorah iku ngemot telung perangan, yaiku :

  • a. Pa-mbuka, ing antarane mratelakake :

1) Salam pa-mbuka

2) Pakurmatan (nyebutake kang padha rawuh)

3) Puji syukur

  • b. Isi, mratelakake bab-bab kang dadi wigatining sesorah.
  • c. Panutup, ing antarane mratelakake :

1) Dudutan (kesimpulan)

2) Pangajab (harapan)

3) Panyuwunan pangapura

4) Salam panutup

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 5 - Sesorah

Kata Kunci : Langkah-langkah pidhato

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 29 Jul 21