pidato perpisahan bahasa Krama alus panjang plis jawabb​

Berikut ini adalah pertanyaan dari orliynnadya pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Pidato perpisahan bahasa Krama alus panjang plis jawabb​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dhumateng Bapak/Ibu Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan, rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo ucap syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, saenggo kita sedaya diparingi kesehatan lan saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula, wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru. Matur nuwun Bapak/ Ibu guru, anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula lan rencang-rencang ngangsu kawruh wonten sekolah niki.

Kula lan rencang-rencang naming saged memuji lan donga. Mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah SWT, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi lulus kanthi biji ingkang sae-sae.

Mboten kesupen, kula lan rencang-rencang ugi nyuwun pangapunten, awit kula lan rencang-rencang asring ndamel Bapak Ibu susah lan kaciwa, awit saking atur saha solah bawa kula lan rencang-rencang ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Allah SWT, Amin..

Cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur, kula nyuwun pengampunten. Wassalamualaikum Wr. Wb.

Penjelasan:

semoga membantu :)

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh nurulayuindriyani09 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 10 Jul 22