Tulisen kanthi ringkes cerita kidang kencana! Tolong bantu ya kak...​

Berikut ini adalah pertanyaan dari yindasyan pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tulisen kanthi ringkes cerita kidang kencana!


Tolong bantu ya kak...​
Tulisen kanthi ringkes cerita kidang kencana! Tolong bantu ya kak...​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget amarga mirsani sesawangan sing edi peni. Ana kewan kidang kang merak ati, rupane ayu, polahe trengginas, lan kulite awarna mas. Sinta kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. Mula kanthi temen, Sinta nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Rama tresna banget marang garwane,

Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana.

“Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhewekan.”

“Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-atos kangmas,” mangkono ature Lesmana.

Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh. Kidang kencana ambruk ing lemah, jemparing nembus awake. Nanging ana kedadean kang aneh, kidang kencana muksa disusul metune buta Kalamarica nyuwara seru. Kaprungu mirip banget kaya swarane Rama kang lagi kena musibah.

Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta mangkel lan kawetu omongan kang ora ngenakake kupinge Lesmana.

“Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule meneng-meneng sliramu pingin nduweni aku, sliramu ngejorake kakangmu cilaka, lan sliramu bisa bebas …”

Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora ana sing bisa nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa aman, Lesmana budal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama.

Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase dadi mata-mata raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang keslametane Dewi Sinta lan cepet-cepet ninggalake papan

“Aduh! Cilaka rayi Lesmana … iki ana upaya manungsa kang nyoba ngapusi awake dhewe. Ayo saiki enggal nemoni mbakyumu Sinta!”

Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk. Dheweke nreyuhake ati njaluk banyu ngombe kanggo nambani ngelake. Sinta ora ngerti manawa simbah kakung iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar angkara murka. Nalika Dewi Sinta ngecungake cangkir, astane metu saka wates bunder langsung disamber lan dikekep ing dadane Rahwana banjur digawa mabur. Sinta kasil ditipu dening Rahwana. Rahwana ngguyu lakak-lakak rumangsa menang, Jatayu manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane Rahwana, nanging malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan pedange Dasamuka.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh annisay1231 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 18 May 21