1. Panjenengan mau esuk rawuh jam pira? Iki mawa basa

Berikut ini adalah pertanyaan dari daserlugu pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1. Panjenengan mau esuk rawuh jam pira? Iki mawa basa . . .A. Ngoko lugu (wantah)
B. Ngoko alus (andhap)
C. Krama lugu (madya)
D. Krama alus (inggil)

2. Coba tulisen wae nganggo angka, ben aku bisa ngramakake! Iki mawa basa . . .
A. Ngoko lugu (wantah)
B. Ngoko alus (andhap)
C. Krama lugu (madya)
D. Krama alus (inggil)

3. Kula dugi sekolahan taksih enjing tabuh 06.15. iki mawa basa . . .
A. Ngoko lugu (wantah)
B. Ngoko alus (andhap)
C. Krama lugu (madya)
D. Krama alus (inggil)

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

  1. B. Ngoko alus (andhap).
  2. A. Ngoko lugu (wantah).
  3. D. Krama alus (inggil).

Penjelasan

  • Ngoko lugu (wantah)

Yaiku basa sing tembung tembunge ing sajrone ukara migunakake tembung ngoko kabeh, tanpa kecampuran tembung krama utawa krama inggil.

Tuladha :

- Amarga wis awan kowe saiki kudu mangan neng kene!

- Kowe mengko bengi sida turu kene, ta?

- Yen ora gelem teka dhewe, ya ora usah diwenehi

  • Ngoko alus (andhap)

Yaiku basa kang tetembungane ngoko, nanging kecampuran tembung krama inggil, tumrap di ajak guneman (wong kapindho) utawa wong sing di gunem (wong katelu). Dene ater ater lan panambange tetep ngoko/ora di kramakake.

- Panjenengan mengko bengi sida sare kene, ta?

- Yen ora kersa rawuh dhewe, ya ora usah dicaosi

- Pak lurah wingi jarene gerah, mulane ora sida tindak

  • Krama Lugu

Yaiku basa Jawa sing kadadean saka tembung krama.

✓ Krama lugu digunakake:

(1) Wong kang durung akrab utawa durung kulina.

(2) Wong sing luwih dhuwur drajate marang wong sing luwih tuwa.

Tuladha :

- Sampeyan mangke dalu tamtu tilem ngriki, ta?.

- Yen mboten purun dugi piyambak, mboten usah dipunsukani.

  • Krama Alus

Yaiku basa Jawa sing kadadean saka basa krama lugu lan tembung krama inggil.

✓ Krama alus digunakake:

(1) Marang wong kang diajeni banget.

(2) Abdi marang bendara.

Tuladha :

- Amarga sampun siyang, panjenengan sakmenika kedah dhahar wonten mriki

- Panjenengan mangkeh dalu tamtu sare mriki, ta?

- Yen mboten kersa rawuh piyambak, mboten usah dipuncaosi.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 9

Materi : Piwulang - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Krama Alus, Krama Lugu, Ngoko Alus, Ngoko Lugu

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 9.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 06 Jun 21