Bapak pucung saben dinah tansah bingung bandanira panjang tutukira pan

Berikut ini adalah pertanyaan dari masdik2146 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Bapak pucung saben dinah tansah bingung bandanira panjang tutukira pan pesagi saben dina pucung nguntal buntutira

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Batangane tembang ing dhuwur yaiku Setut.

Penjelasan

Bapak pucung saben dina tansah bingung

badanira panjang

tutukira pan pesagi

saben dina pucung nguntal buntutira

  • Tegese :

Bapak Pucung saben dina tansah bingung

Awake dawa

Lam-bene wujud persegi

saben dina pucung mangan buntute dhewe.

  • Batangane : Setut.
  • Kalebu cangkriman tembang.

Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan.

Cangkriman sing sinawung ing tembang.

→ Cangkriman sing kudu dibedhek, nanging lewat wujud tembang.

—☆ Tuladhane :

a) Bapak pocung renteng renteng kaya kalung

dawa kaya ula

pencokanmu wesi miring

sing disaba si pucung mung turut kutha. (batangane : sepur)

b) Bapak pocung cangkemu marep mandhuwur,

sabamu ing sendhang,

pencokanmu lambung kering,

prapteng wisma si pocung muntah guwaya. (batangane : klenthing/jun)

c) Bapak pocung amung sirah lawan gembung

Padha dikunjara

Mati sajroning ngaurip

Mijil baka si pocung dadi dahana. (batangane : penthol korek)

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 4 - Cangkriman

Kata Kunci : Cangkriman tembang, bapak pucung saben dina tansah bingung

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.4

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 28 Jul 21