Apa batangane cangkriman ing ngisor iki ?a. Duwe rambut, nanging

Berikut ini adalah pertanyaan dari danicadika2606 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Apa batangane cangkriman ing ngisor iki ?a. Duwe rambut, nanging ora duwe endhas
b. Wiwitane lesmbadhone.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

a. Batangane → jagung.

  • cangkriman pepindhan.

b. Batangane → uwi dawa wite, tales amba godhonge.

  • cangkriman wancahan.

Penjelasan

Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan. Cangkriman iku wujude ana 4, yaiku:

✧ 1. cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),

→ Wancah iku tegese cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun saka gatra kang ana.

—☆ Tuladhane :

  1. Burnas Kopen = Bubur panas kokopen
  2. Pakboletus = Tipak kebo lelene satus
  3. Bot ginawa entheng, theng ginawa abot = klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot

✧ 2. cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),

→ Cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane.

—☆ Tuladhane :

  1. Sega sakepel dirubung tinggi, batangane salak
  2. Gajah nguntal sangkrah, batangane pawonan
  3. Pitik walik saba kebon, batangane nanas

✧ 3. cangkriman sing wujude plesetan/blenderan,lan

→ Cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah.

—☆ Tuladhane :

  1. Biru bisane dadi wungu dikapakake? (Digebuk)
  2. Wong dodol klapa dikepruki. (Sing dikepruki klapane, dudu wonge)
  3. Gajah numpak becak ketok apane? (Ketok mbujuke/ngapusine)

✧ 4. cangkriman sing sinawung ing tembang.

→ Cangkriman sing kudu dibedhek, nanging lewat wujud tembang.

—☆ Tuladhane :

a) Bapak pocung tanpa untu darbe siyung.

Badanira panjang.

Tutukira pan pesagi.

Dina-dina pocung nedha buntutira.

  • (batangane : setut)

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 4 - Cangkriman

Kata Kunci : batangane cangkriman

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.4

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 22 Aug 21