Tembung gambuh iku kaiket ing wewaton guru ?​

Berikut ini adalah pertanyaan dari imeyanisa275 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tembung gambuh iku kaiket ing wewaton guru ?​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Tembung gambuh iku kaiket ing wewaton guru?

➡️ Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

Penjelasan

{Tuladha tembang Gambuh}

Aja nganti kebanjur

Barang polahing kang nora jujur

Yen kebanjur sayekti kojur tan becik

Becik ngupayaa iku

Pituturing kang sayektos

  • Tegese :

Aja nganti kebacut,

Kabeh tumindak sing ora jujur,

Yen kebacut mesthi cilaka ora becik,

Becik nggoleka kuwi,

Pitutur sing sejati.

» Paugeran/wewaton Gambuh :

  1. Guru gatra : 5 gatra
  2. Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8
  3. Guru lagu : u, u, i, u, o

{Macapat}

Macapat kerep dijarwakake minangka maca papat-papat awit carane maca pancen rinakit saben patang wanda.

» Paugeran/Wewaton/Aturan Macapat :

Macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu, yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu kang dadi paugerane.

  1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik ing saben pada (bait).
  2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.
  3. Guru lagu yaiku tibaning swara (a,i,u,e,o) ing pungkasane gatra.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Gambuh, wewaton

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 20 Aug 21