1. Kelas 4 tabuh gamelan ing wayah awan tembung lingga

Berikut ini adalah pertanyaan dari amelianeysa pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1. Kelas 4 tabuh gamelan ing wayah awan tembung lingga tabuh iku mathuke oleh wuwuhan wujud..A ater - ater m-
B ater - ater ng-
C ater - ater n
D ater - ater ny-
2. Ibu nyawisake dhaharan kanggo bapak. Nyawisake yen diudal manut tembung linggane..
A Ater-ater ny- +nyawis +panambangan - ake
B ater - ater n - +cawis +panambangan - ake
C ater - ater n- +nyawis +panambangan - ake

Mohon bantuan nya!!!!!!!!!!!
Nb: jawaban no ngasal ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Kelas 4 tabuh gamelan ing wayah awan tembung lingga tabuh iku mathuke oleh wuwuhan wujud..

➡️ C. ater-ater n.

2. Ibu nyawisake dhaharan kanggo bapak. Nyawisake yen diudal manut tembung linggane..

➡️ Ater-ater ny- + cawis + panambangan -ake.

Penjelasan

>> Ater-ater

→ yaiku wuwuhan kang manggon ing sangarepe tembung.

1. Ater-ater anuswara (n, m, ny, ng). Ater-ater iki gunane ngubah tembung lingga dadi tembung kriya.

» Tuladhane :

  1. ny + sapu → nyapu
  2. n + tulis → nulis
  3. n + tabuh → nabuh
  4. ng + langi → nglangi
  5. m + pacul → macul

2. Ater-ater tripurusa (dak, ko/kok, di). Ater-ater tripurusa gunane kanggo tembung sesulih aku (dak) kowe (ko) lan dheweke (di).

» Tuladhane :

  1. dak+tulis → daktulis
  2. kok+pangan → kokpangan
  3. di+pancing → dipancing

3. Ater-ater liyane kayata sa, pa, pi, ka, kuma, kami, a, ma, lan sapanunggalane.

» Tuladhane :

  1. satus → sa + atus
  2. panulis → pa + nulis
  3. pituduh → pi + tuduh
  4. kapidek → ka + pidek
  5. kumawani → kuma + wani
  6. kamitenggeng → kami + tenggeng
  7. manepi → ma + nepi

>> Panambang (Akhiran)

→ Panambang yaiku wuwuhan sing manggon ana ing mburine tembung. Panambang iku sabenere ana akeh maceme, ning ing kene mung dirembug sing kerep digunakake kaya dene -ku, -mu, -e, -an, -i, -a, -na, -ana, -en, lan -ake.

» Tuladha :

  1. sepatu + -ku → sepatuku
  2. kursi + -mu → kursimu
  3. sega + -e → segane (*dudu segae)
  4. tulis + -an → tulisan
  5. suwek + -i → suweki
  6. tuku + -a → tukua
  7. sapu + -na → sapokna (*dudu sapuna)
  8. tali + -ana → talenana (*dudu taliana)
  9. garap + -en → garapen
  10. gawa + -ake → gawakake (*dudu gawaake)

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 2 - Wuwuhan

Kata Kunci : Pangrimbage nyawisake, wuwuhan tabuh

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.2

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 28 Jul 21