Aranana purwakanthi apa unen-unen ing ngisor iki! 1. Ana awan

Berikut ini adalah pertanyaan dari Ratunasywa1488 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Aranana purwakanthi apa unen-unen ing ngisor iki! 1. Ana awan ana pangan. 2. Sing weweh bakal wuwuh. 3. Bareng wis makmur, lali marang sedulur. 4. Ruruh, rereh, ririh, ing wewarahipun. 5. Mong ing tirta, tirta wijiling satriya. 6. Inggah inggih ora kepanggih. 7. Tindak tanduke tansah titi ngati-ati. 8. Wayang kulit, kulitana kayu kuwi. 9. Yen jejodhowan pilihen bobot, bibit lan bebete. 10. Ijo-ijo godhonge kara, bareng bodho lagi rumangsa. 11. Mingkar, mingkur, mungkur. 12. Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. 13. Sluman, slumun, slamet. 14. Kolik priya, priyagung anjani putra. 15. Tarti tata tata arep metu turut ratan tuku tahu telungewu. Tolong cepat dijawab besok di kumpulkan

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

  1. Ana awan ana pangan → purwakanthi guru swara
  2. Sing weweh bakal wuwuh → purwakanthi guru sastra
  3. Bareng wis makmur, lali marang sedulur → purwakanthi guru swara.
  4. Ruruh, rereh, ririh, ing wewarahipun → purwakanthi guru sastra.
  5. Mong ing tirta, tirta wijiling satriya → purwakanthi guru basa/lumaksita.
  6. Inggah inggih ora kepanggih → purwakanthi guru swara.
  7. Tindak tanduke tansah titi ngati-ati → purwakanthi guru sastra.
  8. Wayang kulit, kulitana kayu kuwi → purwakanthi guru basa/lumaksita.
  9. Yen jejodhowan pilihen bobot, bibit lan bebete. → purwakanthi guru sastra.
  10. Ijo-ijo godhonge kara, bareng bodho lagi rumangsa. → purwakanthi guru swara.
  11. Mingkar, mingkur, mungkur. → purwakanthi guru sastra.
  12. Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. → purwakanthi guru basa/lumaksita.
  13. Sluman, slumun, slamet. → purwakanthi guru sastra.
  14. Kolik priya, priyagung anjani putra. → purwakanthi guru basa/lumaksita.
  15. Tarti tata tata arep metu turut ratan tuku tahu telungewu. → purwakanthi guru sastra.

Penjelasan

{Purwakanthi}

→ Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.

a. Purwakanthi guru swara : yaiku aksara swara (vokal), swarane kang runtut.

Tuladha :

  1. Tiwas sayah, ora paedah.
  2. Yen gelem obahbakalmamah.

b. Purwakanthi guru sastra : yaiku aksara sastra sing runtut nurut ngarep aksara sigeg (konsonan).

Tuladha :

  1. Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebet.
  2. Sing sapa salahbakaleseleh.
  3. Ruruh, rereh, ririh ing wewarah.

c. Purwakanthi guru basa/lumaksita : yaiku purwakanthi kang ngurutake wanda (suku kata) utawa tembung.

Tuladha :

1. Angele sok ginawe dhewe,

dheweke tan ngrasa bisa.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 9

Materi : Piwulang - Purwakanthi

Kata Kunci : Purwakanthi, swara, sastra, basa

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 9.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 04 Aug 21