1.Golekno guru gatra,guru wilangan lan guru lagu ing tembung nang

Berikut ini adalah pertanyaan dari rheinaamel pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1.Golekno guru gatra,guru wilangan lan guru lagu ing tembung nang duwur2.Apa isine tembang macapat kasebut
3.apa pitutur luhur e tembang macapat kasebut
4.gaweyen pitakon nganggo ukara nglampai
5.apa tegese pinter den alingi


tolong jawab ya thanks;))​
1.Golekno guru gatra,guru wilangan lan guru lagu ing tembung nang duwur2.Apa isine tembang macapat kasebut3.apa pitutur luhur e tembang macapat kasebut4.gaweyen pitakon nganggo ukara nglampai 5.apa tegese pinter den alingitolong jawab ya thanks;))​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Golekana guru gatra,guru wilangan lan guru lagu ing tembung nang dhuwur!

➡️ Guru Gatra : 9 gatra.

Guru Wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12.

Guru Lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a.

2. Apa isine tembang macapat kasebut!

➡️ Isine ngandharake ana anak sing crita ngenani lelabuhan wong tuwane sing momong dheweke mbiyen, crita sing dirungokake awan bengi nganti isih kelingan, sarta bapak lan ibu kang paring pitutur babagan tatakrama.

3. Apa pitutur luhure tembang macapat kasebut?

➡️ Piwulang saka bapak lan pitutur saka ibu babagan tatakrama kudu dieling-eling lan ditindakake supaya uripe slamet.

4. Gawea pitakon nganggo ukara nglampahi!

➡️ - Panjenengan punapa nate nglampahi nyambut damel wonten luar negeri?

- Kenging punapa manungsa mboten saged nglampahi gesang piyambak?

- Pinten dangunipun Dodi nglampahi sekolah saking SD ngantos SMA?

5. Apa tegese pinter den alingi?

➡️ Kapinterane ditutupi/dialangi.

Penjelasan

(1) Ambeke kang wus utama,

tan ngendhak gunaning jalmi.

Amiguna ing aguna,

sasolahe kudu bathi.

Pintere den alingi,

bodhone dinokok ngayun.

Pamrihe den inaa,

mring padha padhaning jalmi,

suka bungah den ina sapadha-padha.

  • Tegese :

Watake wong kang wis sampurna/utama,

Ora ngremehake kapinteran manungsa liyane,

Bisa gunani saka kapinterane mau,

Kabeh polah lakune nguntungake awakedhewe,

Kapinterane ditutupi,

Bodhone dideleh ngarep,

Karepe supaya dihina,

Karo padha-padha menungsa,

Seneng lan bungah yen dihina sapadha-padha

(2) Carita nggonsun nenular,

wong tuwa kang momong dingin.

Akeh kang padha cerita,

sun rungokna rina wengi,

samengko isih eling.

Sawise diwasa ingsun,

bapa kang paring wulang,

miwah ibu mituturi,

tatakrama ing pratingkah karaharjan.

  • Tegese :

Crita sing tak tularke,

Wong tuwa sing momong dhisik,

Akeh sing crita,

Tak rungokake awan bengi,

Saiki isih kelingan,

Sawise diwasa,

Bapak menehi piwulang,

Ibu menehi pitutur,

Tatakrama jroning tumindak supaya slamet.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Sinom, Carita nggonsun nenular, ambeke kang wus utama, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 07 Jun 21