tolong buatkan dialog b Jawa 3 orang dengan judulnya​

Berikut ini adalah pertanyaan dari anugrahananda937 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Tolong buatkan dialog b Jawa 3 orang dengan judulnya​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Ora Sinau

Bu Guru : Bocah-bocah, sésok ana ulangan.

Sinau sing srêgêp.

( Ing omah Dani ... )

Dina : Eh Ni, kowé wis sinau durung?

Dani : Sinau? Ana apa karo sinau?

Dina : Mung ngélingaké. Sésok 'kan ana ulangan matematika.

Dani : Oh iya Na, aku lali.

Dina : Ya wis, dhèwè sinau saiki waé.

Mumpung isih awan.

Dani : Mêngko waé, lah.

'Kan isih ana wêktu.

Dina : Saiki waé.

Mêngko bèn ora kêmrungsung.

Dani : Ora, ah.

( Têka-têka, omah Dani mati lampu ... )

Dina : Wah, mati lampu, aku bali dhisik, ya.

Dani : ( Hmm ..., nèk Dina bali, aku ora bakal dipaksa sinau, ta. Dadi aku jawab "Ya" waé lah ). Ya.

( Dani ora nglakoni apa sing didhawuhi Dina. Trus, sésok ing kelas Dani lan Dina ... )

Dani : Na, sing nomêr têlulas apa jawabané, Na.

Dina : Nah ta, ora sinau iki mêsthi. Gampang, lo.

Dani : Gampang? Angèl tênan iki !

Dina : Wis rampung !

Dani : Na, mbok dibantu ta, Na.

Dina : Wêgah ! Salah sapa ora sinau.

Bu Guru : Wêktuné tinggal limang mênit !

Dani : Wah, tinggal limang mênit ! Nggih, Bu.

Cêpêt Na, ditunggu Bu Guru kuwi, lo.

Dina : ....

( Wis limang mênit Dani ngobrol karo Dina ... )

Bu Guru : Wêktuné êntèk, bocah-bocah.

Kumpulké kêrtas ulangané ing méja Bu Guru!

Dina : Nggih, Bu. ( Dina maju paling dhisik ).

Dani : Waduh, aku isih nomêr têlulas !

Kumpulké ora ya, kumpulké ora ya.

Kumpulké waé, lah.

Bu Guru : Dani !

Cêpêt dikumpulaké !

Dani : Nggih, Bu. Nanging ... niki, kula ... déréng ....

Bu Guru : Rampung ora rampung dikumpulaké !

Dani : Nggih, Bu. ( Dani mlaku têkan bangkuné ).

Dina : Sukur ! Makané sinau.

Nyêsel ta, gara-gara ora sinau.

Mêngko mêsthi bijiné èlèk, trus dihukum !

Dani : Iya, Na. Aku nyêsêl wis ora sinau.

( Dhuh Gusti, kuduné wingi aku sinau ! ).

Penjelasan:

Nyuwun pangapura nèk kadhawan.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh yusniyuda5 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 10 May 22