Ngudi IlmuDadi murid kudu mituhu marang guruTansah manut marang bapa-ibuLanggar

Berikut ini adalah pertanyaan dari cornelia4996 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Ngudi IlmuDadi murid kudu mituhu marang guru
Tansah manut marang bapa-ibu
Langgar wektu nyinau buku
Lelungan tan perlu
Dadi murid kuwi ....
Ngudi ilmu ora sembarangan
Sregep Sinau ora kakean dolan
Rukun mring kanca, golek paseduluran
Njimeti pasinaon ing pawiyatan
Bocah sekolah kudu pinter lan trampil
Aja nakal, clemer, lan jail
Aja wahil lan methakil
Pungkasane dadi sulaya
Luwih mulya ngudi ilmu utama
Kaanggit Dening : Onki S
Owahana geguritan kang wis kokwaca dadi karangan gancaran (prosa) nganggo basa ngoko
(bosomu dewe)​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Gancaran/Parafrase :

➡️ Murid iku kudu manut marang guru, bapak lan ibu. Yen wektune longgar, kudu nyinau buku lan ora perlu lelungan. Dadi murid kuwi, ora sembarangan golek ilmu, sinaune disregepi, aja mung dolan wae. Yen karo kanca sing rukun supaya dadi sedulur. Sing mempeng sekolahe, supaya dadi wong pinter lan trampil. Aja nakal, clemer, jail lan methakil, amarga akhire ndadekake padudon. Luwih mulya bocah sekolah iku nggolek ilmu kang utama.

Penjelasan

» Nggancarake geguritan yaiku ngowahi tembang dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

>> Cara nggancarake geguritan :

1. Negesi tetembungan kang katulis ing geguritan/tembang. Yen nemu tembung kawi bisa nggunakake bausastra (kamus).

2. Ngowahi ukara basa pinathok dadi ukara gancaran.

3. Nggathukake gatra siji karo gatra liyane kanthi wujud ukara.

>> Kang kudu digatekake menawa arep nggancarake geguritan :

1. Nyuda/nambahi tembang supaya luwih gampang dimangreteni.

2. Ukara kang nganggo basa kawi utawa jawa kuna kudu dijarwakake.

3. Tembung sandi utawa tembung garba kudu diudhari.

4. Ukara kang kaiket nganggo paugeran baliswara kudu diudhari.

5. Ngilangi/nambahi ater-ater, seselan, lan panambang.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 5 - Macapat

Kata Kunci : Nggancarake geguritan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 19 Jul 21