(1) manawa ana ing pagelaran tumuju ing swasana sedhih, umpamane

Berikut ini adalah pertanyaan dari arhammaulana7828 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

(1) manawa ana ing pagelaran tumuju ing swasana sedhih, umpamane salah sawijining paragaditinggal seda karo wong tuwane, tembang apa kang pas kanggo swasana kaya ngono iku mau ?
apa alasanmu?

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Tembang apa kang pas kanggo swasana kaya ngono iku mau?

1. Tembang Maskumambang, amarga tembang Maskumambang iku nduweni watak kang cocog kanggo medharake rasa nrenyuhake utawa sedhih.

2. Tembang Pocung, amarga tembang pocung nggambarake yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sadurunge dikubur.

3. Tembang Megatruh, amarga megatruh asale saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis wektune dipundhut marang Sing Maha Kuwasa.

Penjelasan

{Macapat

Macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu, yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu kang dadi paugerane.

  1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik ing saben pada (bait).
  2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.
  3. Guru lagu yaiku tibaning swara (a,i,u,e,o) ing pungkasane gatra.

Watak Maskumambang => susah, nelangsa, prihatin, kelara-lara, lan merana. Gunane kanggo mratelakake rasa susah merana, crita kang nrenyuhake rasa, sedhih.

Watak Pocung => sakepenake, gregeden, kendho, sembrana, guyonan. Gunane kanggo guyonan, cangkriman, lan pitutur.

Watak Megatruh => susah, trenyuh, sedhih, nglokro, memelas. Gunane kanggo mbabarake rasa susah.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Swasana sedhih, seda, falsafah tembang

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 17 Aug 21