Saben esuk cengkelak ninggalake klasabantalLempit-lempit nuli adusKosokan resikTan ana perangan

Berikut ini adalah pertanyaan dari rizkyvalentinorossi pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Saben esuk cengkelak ninggalake klasabantal
Lempit-lempit nuli adus
Kosokan resik
Tan ana perangan kang katinggal
Cukat trengginas
Sarapan banjur budhal ing pamulangan
Setiti mirengake
Wani micara sajrone pasinaon
Pancen kuwi murid kang tumemen 7 Kepriye anggone siswa mau nalika ing sekolah A sregep B rame ingin kelas C antengmirengake D setiti mirengake guru​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Kepriye anggone siswa mau nalika ing sekolah?

➡️ D. Setiti mirengake guru.

Penjelasan

  • Kenangapa D? Amarga ing geguritan ing dhuwur dijelasake yen murid kang tumemen sekolah kuwi kudu setiti mirengake guru nalika ngendika.

>> Gancaran/Parafrase Geguritan ing dhuwur :

= Saben esuk gage cengkelak ninggalake panggonan turu, lempit-lempit nuli adus kanthi kosokan sing resik. Ora ana sing ketinggalan, kabeh sarwa cukat trengginas. Sawise sarapan banjur budhal ing sekolahan, teliti anggone ngrungokake, wani ngomong sajrone pasinaon, kuwi kabeh pancen cirine murid kang tumemen.

  • Geguritan yaiku jenise puisi Jawa gagrag anyar sing panulise ora kaiket dening paugeran-paugeran kaya ing tembang macapat (yaiku anane guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu), nanging tetep ngugemi kaendahan.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 5 - Geguritan

Kata Kunci : Anggone siswa nalika sekolah, murid tumemen

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 20 Aug 21